Selasa, 03 November 2015

my Profil

Nama   : S LINDUAJI [ mas Lindu ]
Ttl         : Sragen ,02 september 1984
zodiak  : Virgo
Alamat : Munggur plumbon sambungmacan sragen
              : Semarang Jawa Tengah INDONESIA
Agama : Islam
TB         : 177 cm
BB         : 70 kg
Hobby  : menyanyi , menulis Lagu
Olahraga : Beladiri & Menembak
Album  : Anak Rantau [ Terminal pilangsari ]
              : Genre Dangdut campursari
pekerjaan : Owner LA TANZA Java music
                   : d/a. Halim perdana kusuma Jakarta Timur

LESTARIKAN BUDAYA SEBAGAI CIRI KAS BANGSA
________SALAM BUDAYA



Lirik lagu kreteg Ganefo

Lirik lagu KRETEG GANEFO
cipt. S Linduaji voc.Rini

Beninge banyu bengawan
Kathon cemlorot keno sinare rembulan
Wong loro do gegojekan kreteg ganefo
Sing dadi kenangan

Udan gerimis ra payungan
Uwong loro teles kebes ono dalan
Malem minggu arep dolan
Karo konco rasido mergo kahanan

Reff
Aku trisno koe...koe trisno aku
Aku sayang koe...koe sayang aku
Wong loro ngucap janji setyo

kreteg ganefo dadi seksi
Bengawan solo ugo ngancani
koe janji ra bakal lali
semono ugo aku iki

Hooo....oooo...hhaaaa....
Hooo...oooo...hhaaa......

Lirik lagu pojok deso

Lirik lagu POJOK DESO
cipt.s Linduaji voc. Rini

Tengahe laut ono ombak gede
Jeroning ati sopo sing ngerteni
Naliko semono koe nate janji
Marang awakku ora bakal lali

Reff
Nanging saikine koe lali
Jane koe lali opo nglali
Aku kang tansah setyo ngenteni
Ngenteni ning pojok desi iki

Ibarat manungso lagi nandang trisno
Nglalekke awakmu aku ora biso
Biyen kondo trisno ora ono liyo
Saiki lungo tanpo kirim warto

lirik lagu Tugu mahbang

Lirik lagu TUGU MAHBANG
cipt.s Linduaji voc.Titis

Esok esok aku ngenteni koe
Senadyan adem ora tak rasakke
Rino klawan wengi amung tansah nunggu
Jenengmu tak simpen Jeroning atiku

Esok esok dadi bingung atiku
Mergo sue aku ora ketemu
Bebasan sedino ko yo sewindu
Wong bagus aku kangen selirahmu

Sepiro suwene anggonku ngenteni
Rabakal luntur trisno iki

Reff
Tak enteni ning tugu mahbang iki
Dino iki koe arep bali
Di sekseni karo tugu mahbang iki
Sumpah janjimu ra bakal lali

Nanging saiki endi buktine
Koe lungo ra bali bali

Lirik lagu Alun alun Sragen

Lirik lagu ALUN ALUN SRAGEN
cipt.s linduaji voc.Titis

Alun alun kutho sragen asri
Malem minggu ono campursari
Sing nanggap pak bupati
Kanggo rakyat kakung lan putri
Pak camat pak lurah kumpul sami

Pancen bedo kutho sragen asri
Soyo suwe soyo rame awan wengi
senadyan cilik kuthone
Ning sumbut semboyane
Sragen asri aman sehat rapi indah

Reff
Alun alun kutho sragen asri bedo
wiwit biyen kutho sragen asri bedo
sragen asri aman sehat rapi indah

Jawa tengah etan dewe panggone
Sukowati bumi leluhur kui jarene
maju pembangunane maju pendidikane
Ramah tamah sopan santun penduduke

Lirik lagu Ninggal Janji

Lirik lagu NINGGAL JANJI
cipt/voc. S Linduaji

Nganti kapan aku ngenteni
Limang tahun ora bali
Rambut iki putih wernane
Opo koe seneng aku
Janjimu jaman semono
Ora bakal Ninggal aku

Reff
Sayangku opo koe lali aku
Lali sumpah lan janjimu marang aku
Trisnaku tego rosone atimu
koe minggat ora bali karo aku

Nanging ati iki tak trimakke
kabeh mau Pancen wes dadi garise
Amung pandongaku koe enggal eling
Cepet bali cepet mulih ning pangkonku

Opo lali koe Ninggal Janji ning aku

Lirik lagu Kedung Ombo

Lirik lagu KEDUNG OMBO
cipt/voc.s Linduaji

Kedung ombo dadi seksi
Aku kenal koe cah ayu
Konco konco ugo ngerti
Koe nrimo trisnaku wingi

Dino nganti tekan minggu
wulan kelewat tahun iki
Aku ora biso lali
Piye kabarmu bocah ayu

Reff
Kedung ombo ora amung katon asri
Rame awan wengi karo muda mudi
Kedung ombo ono kutho Sragen asri
Karo purwodadi ugo Boyolali

Sak umpomo kedung ombo
Iso ngomong mesti ra trimo
koe kondo bakal setyo
Di sekseni waduk kedung ombo

Songko sragen menyang solo
koe tego Ninggal aku


Lirik lagu Getun Kebacut

Lirik lagu GETUN KEBACUT
cipt/voc. S Linduaji

Biyen koe pernah nolak trisnaku
Saikine ngomong trisno aku
sepurone aku wes due pacar ayu
sing trisno gemati karo aku

Ojo loro atimu ojo gelo atimu
sepurone awakku ra setuju

Reff
Biyen atiku tansah keloro loro
Nanging awakmu malah cidro
Biyen atiku tansah keloro loro
Nanging Awakmu pilih wong liyo

Tak trimakke...tak trimakke
senadyan loro ati iki
Tak trimakke...tak trimakke
senadyan gelo bathin iki

Lirik lagu Anak Rantau

Lirik lagu ANAK RANTAU
cipt/voc.s Linduaji

Aku pingin bali sowan romo ibu
Wes pirang tahun suwene
Aku merantau ora bali bali

Aku ora lali marang romo ibu
Netes Eloh nangis bathin iki
Yen kelingan pingin cepet bali

Reff
Romo lan ibuku nyuwun pangapurane
Romo lan ibuku nyuwun pandongane
Mugo anakmu penak ning kene
Mugo anakmu mulyo ning kene
Mugo anakmu cepet biso bali menyang ndeso

Sing tak jalok sabar Romo ibu
Aku mesti bali menyang ndeso
Iki kabeh mergo kahananku
Ora biso bali sak cepete

Lirik lagu Bapak

Lirik lagu BAPAK
cipt/voc.s Linduaji

Lagu iki tak ciptakke
Kanggo bapakku sing Uwes ora ono
Mugi gusti Allah marengke
Bapak mireng tangise bathinku

Lewat lagu tak dongakake
Mugi bapak tentrem ono ing sandinge
Kang putro tansah ndedongo
Senadyan abot Jeroning dodo

Reff
Bapak aku tansah andongo ingkang moho kuoso
paringo pangapuro
Bapak senadyan abot ing roso aku mbok tinggal lungo
Tak kuatno

Lirik lagu Terminal Pilangsari

Lirik lagu TERMINAL PILANGSARI
cipt/voc.s linduaji

Kelingan ndek jaman semono
Koe pamit ora bakal cidro
Senadyan aku Uwes lilo
Ati iki ngarep koe teko

Nanging saiki koe ono ngendi
Nganti kapan aku kudu ngenteni
Roso trisno kang kepati pati
Ilang sirno tanpo tilas Jeroning ati

Reff
Ning sragen asri ning terminal pilangsari
Eluh netes nelesi pipi
Ning sragen asri ning kutho kenangan iki
Koe pamit ora bakal bali

Lili aku lilo....lilake slirahmu
Lego aku lego...senadyan loro atiku

Biografi s linduaji



 Bismillahirrohmannirohhhim.............
Asallamuallaikum wr...wb .

    S Linduaji  Terlahir di sebuah kota kecil yaitu Sragen [ Solo Raya ]  Jawa Tengah bagian timur  yang berbatasan langsung dg kota Ngawi Jawa timur tepatnya Dk.Munggur Ds .plumbon kec.Sambung Macan Sragen  pada Tgl 02 september 1984 merupakan anak ke-4 dari 4 bersaudara dari pasangan Saiman [Alm] dan Sukarti yang seorang petani & bukan terlahir dari keturunan dan lingkungan seni . Layaknya seperti anak desa lainya s Linduaji sudah terbiasa hidup susah dari kecil keseharianya di lewati membantu orang tua di sawah , cari pakan ternak sampai ngembala ternak dan inilah ternyata yg menempa dirinya menjadi sosok yg mandiri yg bermental kuat .
    Mas Lindu begitu seniman senior memanggilnya mulai menyukai seni music kususnya Campursari dari kecil ketika masih duduk di bangku SD meskipun mendapat larangan keras dari ayahnya waktu itu . Tetapi pengidola Didi kempot ini sering mencuri curi waktu untuk bisa Latihan music campursari bersama teman temanya  dan kadang harus  sudah puas meskipun hanya sebagai penonton . Tetapi hobi menulis Lagu baru dia tekuni semenjak lulus dari bangku SMK Th 2003/2004 . Meskipun ketika itu dia langsung meninggalkan kampung Halaman dan hidup di perantauan secara mandiri tetapi jiwa seninya tetap berkobar dan menyempatkan menulis lagu berdasar kisah hidup dan realita yg ada di sekitarnya di setiap waktu senggangnya , dan barulah awal Th 2015  mas Lindu memberanikan diri dan berkesempatan menemui Dinas pariwisata budaya dan pendidikan kota Sragen untuk meminta arahan / petunjuk , dari sinilah mas Lindu di arahkan menemui seniman senior Sragen yaitu S Harsono [ pembina dewan kesenian daerah sragen / Mekar Asri Studio sekaligus pencipta lagu Daerah/campursari  salah satunya yg kita kenal  dg judul Lilo dll .
    Setelah mendapat arahan dan bimbingan dari pakde S Harsono lewat music arranger mas Trie [ Tritret mekar Asri ] akhirnya awal Th 2015 sampai skitar bulan juni 2015 mas Lindu mulai melakukan proses Recording & shooting vidio clip di Mekar Asri Studio Sragen sampai selesai . Meskipun tidak mudah menjalani recording & shooting karena harus bolak balik Jakarta Sragen tetapi akhirnya atas dukungan keluarga , saudara, teman ,team dan atas Izin Tuhan YME  awal bulan puasa /Juli  2015 Album Anak Rantau [ Terminal Pilangsari ]  yg kusus di dedikasikan oleh mas Lindu buat kota kelahiran Tercinta yaitu SRAGEN  sudah beredar di pasaran . AlkhamdullilahiRobbilallamin_________
            Karya perdana mas Lindu  :
1.Terminal pilangsari       cipt/ voc. S linduaji
2.pojok Deso                      cipt.s Linduaji voc. Rini
3.Tugu mahbang               cipt.s Linduaji voc.Titis
4.Bapak                               cipt/voc. S linduaji
5.Alun alun sragen            cipt.s Linduaji voc. Titis
6.kreteg Ganefo                 cipt.s linduaji voc. Rini
7.Anak Rantau                   cipt/voc. S linduaji
8.getun kebacut                 cipt/voc. S linduaji
9.kedung ombo                  cipt/voc.s linduaji
10.Ninggal Janji                 cipt/voc.s linduaji
       Vidio dapat di lihat di youtube ketik s Linduaji  atau di facebook s linduaji .
       Demikan sedikit profil s Linduaji , akhir kata LESTARIKAN BUDAYA SEBAGAI CIRI KAS BANGSA _________SALAM BUDAYA ____________________
Wassalamualaikum wr..wb .