Selasa, 03 November 2015

my Profil

Nama   : S LINDUAJI [ mas Lindu ]
Ttl         : Sragen ,02 september 1984
zodiak  : Virgo
Alamat : Munggur plumbon sambungmacan sragen
              : Semarang Jawa Tengah INDONESIA
Agama : Islam
TB         : 177 cm
BB         : 70 kg
Hobby  : menyanyi , menulis Lagu
Olahraga : Beladiri & Menembak
Album  : Anak Rantau [ Terminal pilangsari ]
              : Genre Dangdut campursari
pekerjaan : Owner LA TANZA Java music
                   : d/a. Halim perdana kusuma Jakarta Timur

LESTARIKAN BUDAYA SEBAGAI CIRI KAS BANGSA
________SALAM BUDAYA



Lirik lagu kreteg Ganefo

Lirik lagu KRETEG GANEFO
cipt. S Linduaji voc.Rini

Beninge banyu bengawan
Kathon cemlorot keno sinare rembulan
Wong loro do gegojekan kreteg ganefo
Sing dadi kenangan

Udan gerimis ra payungan
Uwong loro teles kebes ono dalan
Malem minggu arep dolan
Karo konco rasido mergo kahanan

Reff
Aku trisno koe...koe trisno aku
Aku sayang koe...koe sayang aku
Wong loro ngucap janji setyo

kreteg ganefo dadi seksi
Bengawan solo ugo ngancani
koe janji ra bakal lali
semono ugo aku iki

Hooo....oooo...hhaaaa....
Hooo...oooo...hhaaa......

Lirik lagu pojok deso

Lirik lagu POJOK DESO
cipt.s Linduaji voc. Rini

Tengahe laut ono ombak gede
Jeroning ati sopo sing ngerteni
Naliko semono koe nate janji
Marang awakku ora bakal lali

Reff
Nanging saikine koe lali
Jane koe lali opo nglali
Aku kang tansah setyo ngenteni
Ngenteni ning pojok desi iki

Ibarat manungso lagi nandang trisno
Nglalekke awakmu aku ora biso
Biyen kondo trisno ora ono liyo
Saiki lungo tanpo kirim warto

lirik lagu Tugu mahbang

Lirik lagu TUGU MAHBANG
cipt.s Linduaji voc.Titis

Esok esok aku ngenteni koe
Senadyan adem ora tak rasakke
Rino klawan wengi amung tansah nunggu
Jenengmu tak simpen Jeroning atiku

Esok esok dadi bingung atiku
Mergo sue aku ora ketemu
Bebasan sedino ko yo sewindu
Wong bagus aku kangen selirahmu

Sepiro suwene anggonku ngenteni
Rabakal luntur trisno iki

Reff
Tak enteni ning tugu mahbang iki
Dino iki koe arep bali
Di sekseni karo tugu mahbang iki
Sumpah janjimu ra bakal lali

Nanging saiki endi buktine
Koe lungo ra bali bali

Lirik lagu Alun alun Sragen

Lirik lagu ALUN ALUN SRAGEN
cipt.s linduaji voc.Titis

Alun alun kutho sragen asri
Malem minggu ono campursari
Sing nanggap pak bupati
Kanggo rakyat kakung lan putri
Pak camat pak lurah kumpul sami

Pancen bedo kutho sragen asri
Soyo suwe soyo rame awan wengi
senadyan cilik kuthone
Ning sumbut semboyane
Sragen asri aman sehat rapi indah

Reff
Alun alun kutho sragen asri bedo
wiwit biyen kutho sragen asri bedo
sragen asri aman sehat rapi indah

Jawa tengah etan dewe panggone
Sukowati bumi leluhur kui jarene
maju pembangunane maju pendidikane
Ramah tamah sopan santun penduduke

Lirik lagu Ninggal Janji

Lirik lagu NINGGAL JANJI
cipt/voc. S Linduaji

Nganti kapan aku ngenteni
Limang tahun ora bali
Rambut iki putih wernane
Opo koe seneng aku
Janjimu jaman semono
Ora bakal Ninggal aku

Reff
Sayangku opo koe lali aku
Lali sumpah lan janjimu marang aku
Trisnaku tego rosone atimu
koe minggat ora bali karo aku

Nanging ati iki tak trimakke
kabeh mau Pancen wes dadi garise
Amung pandongaku koe enggal eling
Cepet bali cepet mulih ning pangkonku

Opo lali koe Ninggal Janji ning aku

Lirik lagu Kedung Ombo

Lirik lagu KEDUNG OMBO
cipt/voc.s Linduaji

Kedung ombo dadi seksi
Aku kenal koe cah ayu
Konco konco ugo ngerti
Koe nrimo trisnaku wingi

Dino nganti tekan minggu
wulan kelewat tahun iki
Aku ora biso lali
Piye kabarmu bocah ayu

Reff
Kedung ombo ora amung katon asri
Rame awan wengi karo muda mudi
Kedung ombo ono kutho Sragen asri
Karo purwodadi ugo Boyolali

Sak umpomo kedung ombo
Iso ngomong mesti ra trimo
koe kondo bakal setyo
Di sekseni waduk kedung ombo

Songko sragen menyang solo
koe tego Ninggal aku